Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 6:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Kowe dakprentah ana ing ngarsane Gusti Allah kang paring urip marang samubarang kabeh lan ana ing ngarsane Sang Kristus Yesus kang wus nglairake sahadat kang utama iku uga ana ing ngajengane Sang Pontius Pilatus:

14. Pakon iki tetepana ditanpa cacad lan tanpa sisip, kongsi tumekaning titimangsane Gusti kita Yesus Kristus ngatingal

15. yaiku ing titimangsa kang bakal katamtokake dening Sang Panguwaos kang ora ana tunggale lan kang kebak karahayon, Ratune para ratu sarta Gustine para gusti.

16. Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.

17. Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.

18. Padha elingna, supaya padha nglakoni panggawe becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan weweh lan memandumi

19. temah padha nandho amal kang minangka pawitan kang prayoga kanggo ing tembe, supaya padha oleha urip kang sanyata.

20. He, Timoteus, kang wus kapitayakake marang kowe iku reksanan. Paguneman kang tanpa isi lan kang ora suci sarta bebantahan-bebantahan kang asale saka kang diarani kawruh, iku singkirana.

21. Amarga wis ana sawatara kang mulangake bab mau, satemah banjur padha nyimpang saka ing pracaya. Sih-rahmat nunggila ing kowe!

maca bab lengkap 1 Timoteus 6