Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 6:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.

11. Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.

12. Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.

13. Kowe dakprentah ana ing ngarsane Gusti Allah kang paring urip marang samubarang kabeh lan ana ing ngarsane Sang Kristus Yesus kang wus nglairake sahadat kang utama iku uga ana ing ngajengane Sang Pontius Pilatus:

14. Pakon iki tetepana ditanpa cacad lan tanpa sisip, kongsi tumekaning titimangsane Gusti kita Yesus Kristus ngatingal

15. yaiku ing titimangsa kang bakal katamtokake dening Sang Panguwaos kang ora ana tunggale lan kang kebak karahayon, Ratune para ratu sarta Gustine para gusti.

16. Iya mung Panjenengane iku kang ora kena ing pati, kang akadhaton ana ing pepadhang, kang ora kena pinerakan, kang ora tau dineleng ing wong, jalaran pancen ora ana wong kang bisa ndeleng ing Panjenengane. Iya Panjenengane iku kang sayogya kagungan kaluhuran lan panguwaos kang langgeng! Amin.

17. Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.

maca bab lengkap 1 Timoteus 6