Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 3:2-16 Kitab Sutji (JAV)

2. Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,

3. ora karem ngombe minuman keras, ora gampang nepsu, nanging sumanak, dhemen ngrukunake, ora ngawula marang bandha,

4. dadi kepalaning brayate kang becik, kang dieringi lan diajeni dening anak-anake.

5. Manawa wong ora bisa ngemudheni brayate dhewe, kapriye anggone bisa ngurus pasamuwaning Allah?

6. Aja wong kang lagi bae mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukumaning Iblis.

7. Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.

8. Mangkono uga para juru pamulasara iya kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah,

9. nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.

10. Apamaneh sadurunge kudu iya diteter dhisik. Sawise mangkono lagi padha ditetepake ing bubuhan leladi, iku sawise kacihna yen tanpa cacad.

11. Kang wadon mangkono uga kudu kang kajen, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhaleni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabeh.

12. Juru pamulasara iku kudu kang arabi siji sarta kang prayoga anggone ngurus anak-anake lan brayate.

13. Amarga wong-wong kang becik anggone leladi iku oleh kalungguhan kang becik satemah marga saka anggone pracaya marang Gusti Kristus Yesus bisa aweh paseksen kalawan kendel.

14. Kabeh iku mau dakpacak ana ing layangku marang kowe, sanadyan pangarep-arepku bisaa enggal nekani kowe.

15. Dadi yen ana kasepku kowe bisa nyumurupi, uripe brayating Allah iku kudune kapriye, yaiku pasamuwane Gusti Allah kang asipat gesang, sesaka pikukuh lan dhasaring kayekten.

16. Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku:“Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsawus kaleresake marga dening Roh kang ngatingalmarang para malaekat, kawartosake ana ing antaranepara bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah;kang dipracaya ana ing jagad,iku wus kasengkakake marang kamulyan.”

maca bab lengkap 1 Timoteus 3