Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 1:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus manut dhawuhe Gusti Allah, Juruslamet kita, lan Gusti Kristus Yesus, dhasaring pangarep-arep kita,

2. marang Timoteus, anakku kang sayekti ing sajroning pracaya: sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita anaa ing kowe.

3. Nalika aku arep nerusake lakuku menyang ing wilayah Makedhonia, kowe wus dakwanti-wanti, supaya terusa ana ing kutha Efesus lan mituturi wong-wong saweneh, supaya aja aweh piwulang liyane

4. utawa ngelengake dongeng lan sarasilah kang ora ana uwis-uwise, kang mung ngolehake bab-bab kang mung dadi rembug thok, sarta dudu tatanan kaslametan kang diparingake dening Gusti Allah sajroning pracaya.

5. Mangka karepe pitutur iku katresnan kang jumedhul saka ing ati kang resik, saka swaraning batin kang murni lan saka pracaya kang tulus eklas.

6. Nanging ana wong kang nyimpang saka ing dalan iku lan kesasar ana ing paguneman kang tanpa guna.

7. Wong iku padha arep dadi guruning angger-anggere Toret, mangka ora mangreti marang tembung-tembunge dhewe sarta marang bab kang baku-baku, kang diwulangake kanthi tandhes.

maca bab lengkap 1 Timoteus 1