Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 4:6-14 Kitab Sutji (JAV)

6. Awit iya iku prelune dalah wong mati iya wis padha kaundhangan Injil, supaya padha diadili ing kadagingane kaya manungsa kabeh, nanging mungguh ing roh bisa urip manut karsaning Allah.

7. Kawusanane samubarang kabeh wis cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudheni dhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisa ndedonga.

8. Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.

9. Sing padha seneng pondhok-pinondhokan ora nganggo nggrundel.

10. Padha laden-linadenana miturut ganjaran kang wus kaparingake marang saben wong jalaran anggone dadi juru-gedhonge sih-rahmating Allah kang becik.

11. Manawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantarake pangandikaning Allah; manawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparinging Allah, supaya Gusti Allah kaluhurna ing samubarang kabeh marga saka Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang kagungan kamulyan sarta panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.

12. He para kekasih, aja padha gumun marang panasing geni siksan kang nekani kowe minangka pandadaran, kaya-kaya ana bab kang ora lumrah kang namani kowe.

13. Malah padha bungaha, iku tampanana minangka panduman ing bab sangsarane Gusti Kristus, supaya kowe uga kepareng bungah sarta sukarena besuk samangsa Panjenengane mbabar kamulyane.

14. Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe.

maca bab lengkap 1 Petrus 4