Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 2:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.

10. Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah,nanging saiki wus dadi umate,sing maune ora padha diwelasi,nanging saiki wus tampa kawelasan.

11. He, para kekasih, kowe kang kaya wong mondhok lan wong neneka, padha dakpituturi supaya padha ngedohana kapencuting daging kang padha perang nglawan nyawamu.

12. Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.

13. Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe,

14. iya marang para wakile kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakake piala sarta ngalembana wong kang gawe becik.

15. Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.

16. Uripmu dikaya wong mardika, aja kaya wong kang nylewengake kamardikane iku kanggo nutupi pialane, nanging dikaya abdining Allah.

17. Padha ngajenana wong kabeh, sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duwea wedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatana Sang Nata Agung!

18. Kowe para batur; padha sumuyuda kanthi kebak pakering marang bendaramu, ora mung marang kang becik lan grapyak bae, nanging uga marang kang kereng.

19. Jalaran, manawa wong rumangsa kakarsakake dening Allah nandhang sangsara, kang ora samesthine kasandhang, iku sih-rahmat.

20. Sabab, manawa kowe digebugi marga tindakmu kang ala, apa iku kena kaalembana? Nanging manawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.

21. Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Gusti Yesus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowe sarta wis nilari tuladha marang kowe, supaya kowe uga tumindak kaya Panjenengane.

maca bab lengkap 1 Petrus 2