Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 2 Kitab Sutji (JAV)

Gusti Yesus Kristus tetalesing pasamuwan

2:1-10

1. Marga saka iku padha mbirata sakehing piala sarta sarupane para-cidra, sarta lamis lan drengki, apadene sakehing pamitenah.

2. Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susukang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestria tuwuhmu ing bab karahayon,

3. manawa kowe nyata wis padha ngrasakake sih-kadarmaning Allah.

4. Padha sowana ing Panjenengane kang minangka watu kang urip iku, kang pancen ditampik dening manungsa, nanging kang pinilih lan aji ana ing ngarsaning Allah.

5. sarta kowe dhewe iya padha dikaya watu urip, kang dianggo mbangun padaleman kasukman minangka kaimaman kang suci, kang nyaosake pisungsung kasukman kang katrimah ing Allah marga dening Gusti Yesus Kristus.

6. Sabab ana tulisan sajrone Kitab Suci mangkene:“Sajatine, Ingsun wus masang watu pepilihan ana ing Sion, sawijining watu pojokan kang aji,dene sapa wong kang kumandel marang iku bakal ora kawirangan.”

7. Wondene anggone kasebut aji iku tumraping kowe kang padha pracaya. Nanging tumrap kang padha ora pracaya:“Watu kang ditampik dening para juru gawe omah,iku wus dadi watu pojokan, apadene iya wus dadi watu sandhunganlan parang patanggoran.”

8. Anggone padha kasandhung iku marga ora mituhu marang pangandikaning Allah; sarta wong-wong iku kacadhangake tumrap bab iku.

9. Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.

10. Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah,nanging saiki wus dadi umate,sing maune ora padha diwelasi,nanging saiki wus tampa kawelasan.

Pepenget supaya dadi abdining Allah

2:11-17

11. He, para kekasih, kowe kang kaya wong mondhok lan wong neneka, padha dakpituturi supaya padha ngedohana kapencuting daging kang padha perang nglawan nyawamu.

12. Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.

13. Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe,

14. iya marang para wakile kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakake piala sarta ngalembana wong kang gawe becik.

15. Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.

16. Uripmu dikaya wong mardika, aja kaya wong kang nylewengake kamardikane iku kanggo nutupi pialane, nanging dikaya abdining Allah.

17. Padha ngajenana wong kabeh, sadulur-sadulurmu padha tresnanana. Duwea wedi-asih marang Gusti Allah, ngurmatana Sang Nata Agung!

Kasangsarane Gusti Yesus Kristus minangka tuladha

2:18-25

18. Kowe para batur; padha sumuyuda kanthi kebak pakering marang bendaramu, ora mung marang kang becik lan grapyak bae, nanging uga marang kang kereng.

19. Jalaran, manawa wong rumangsa kakarsakake dening Allah nandhang sangsara, kang ora samesthine kasandhang, iku sih-rahmat.

20. Sabab, manawa kowe digebugi marga tindakmu kang ala, apa iku kena kaalembana? Nanging manawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.

21. Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Gusti Yesus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowe sarta wis nilari tuladha marang kowe, supaya kowe uga tumindak kaya Panjenengane.

22. Panjenengane iku kang ora gawe dosa sarta ing tutuke ora tinemu ana cidrane.

23. Nalika Panjenengane dipisuhi, ora males misuh. Nalika nandhang sangsara ora ngancam, nanging sumarah marang Panjenengane kang ngadili kanthi adil.

24. Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.

25. Awitdene dhek biyen kowe padha kesasar kaya wedhus, nanging saiki wis padha bali marang pangon sarta pamomonging nyawamu.