Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 1:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Jalaran saka iku padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anane godha-rencana warna-warna.

7. Pamrihe supaya katona murnine pracayamu kang ajine banget ngungkuli emas kang bisa rusak kang kauji murnine srana geni, temahan kowe padha oleh pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dina kababare Gusti Yesus Kristus.

8. Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,

9. amarga kowe wis padha bisa ngranggeh gegayuhane pracayamu, yaiku karahayoning nyawamu.

10. Iya karahayon iku kang wis dititi-priksa sarta ditliti dening para nabi kang padha meca bab sih-rahmat kang kagadhangake marang kowe.

maca bab lengkap 1 Petrus 1