Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 9:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. Yen mangkono banjur apa pituwasku? Pituwasku yaiku: aku diparengake ngabarake Injil tanpa pituwas, lan aku ora migunakake wewenangku anggonku dadi juru ngundhangake Injil.

19. Sanadyan aku iki merdika tumraping wong kabeh, ewadene aku ngawulakake awakku marang wong kabeh, supaya aku keparenga nggendeng wong kang akeh banget.

20. Tumrape wong Yahudi aku dadi kaya wong Yahudi, supaya aku bisaa nggendeng wong Yahudi. Tumrap para wong kang kawengku ing angger-anggering Toret aku dadi kaya wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, -- sanadyan aku dhewe ora kawengku ing angger-anggering Toret -- supaya aku bisaa nggendeng para wong kang kawengku ing angger-anggering Toret.

21. Tumrape wong kang padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, aku dadi kaya wong kang ora kawengku ing angger-anggering Toret -- sanadyan uripku iku ora tanpa angger-anggering Allah, sabab aku kawengku ing angger-anggere Sang Kristus -- supaya aku bisaa nggendeng para wong kang ora kawengku ing angger-anggering Toret.

22. Tumrape wong kang padha ringkih, aku dadi kaya wong ringkih, supaya aku bisaa nggendeng marang wong kang padha ringkih. Tumrap sarupaning wong aku wus dadi pepadhane, supaya sabisa-bisa aku nggendenga wong sawatara saka ing antarane.

23. Samubarang kabeh iku mau daktindakake marga saka Injil, supaya aku melua oleh pandumane.

24. Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang melu ana ing pambalapan iku kabeh padha lumayu, nanging mung siji kang tampa ganjaran? Mulane padha lumayua amrih kowe bisaa tampa ganjaran.

25. Saben wong kang melu balapan, iku njaga dhirine ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya oleha makutha kang kena ing rusak; balik kita padha ngarah bisaa oleh makutha kang langgeng.

26. Mulane anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago jotos kang mung waton njotos bae.

27. Nanging aku nglatih badanku sarta dakreh ing sakabehe, supaya sawise ngabarake Injil marang wong liya, aja ngantia aku dhewe ditampik.

maca bab lengkap 1 Korinta 9