Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 9:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Kang iku manawa aku kang wis padha nyebar wiji kasukman kanggo kowe kabeh, apa ora kena aku padha ngeneni pametumu kadagingan?

12. Manawa wong liya padha wenang ngarep-arep panduman saka kowe, apa wewenangku ora luwih gedhe?Nanging aku padha ora migunakake wewenang mau. Balik aku malah padha mbetahake samubarang, supaya aja nganti ngalang-alangi pakabaraning Injile Sang Kristus.

13. Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha leladi ing padaleman suci iku pangane iya saka ing padaleman suci, lan wong kang padha leladi ing misbyah, iku iya padha oleh panduman saka ing misbyah kono?

14. Mangkono uga Gusti iya wus mranata, para kang ngabarake injil, iku uripe iya saka anggone ngundhangake Injil iku.

15. Nanging aku, ora tau migunakake wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabeh iki, ora supaya aku ditanggapana mangkono uga. Sabab aku milaur mati katimbang karo ......! Temenan, gumunggungku iki ora bisa dibatalake dening sapa bae!

16. Sabab yen aku ngabarake Injil, iku ora duwe dhasar kanggo ngegungake dhiri. Marga iku rak kawajibanku. Malah bilai aku manawa ora ngabarake Injil.

17. Saupama anggonku nindakake iku mung manut karepku dhewe, pancen aku duwe hak oleh pituwas. Nanging anggonku nindakake mau ora saka karepku dhewe, awit pakabaran iku ayahan kang kabubuhake marang aku.

18. Yen mangkono banjur apa pituwasku? Pituwasku yaiku: aku diparengake ngabarake Injil tanpa pituwas, lan aku ora migunakake wewenangku anggonku dadi juru ngundhangake Injil.

19. Sanadyan aku iki merdika tumraping wong kabeh, ewadene aku ngawulakake awakku marang wong kabeh, supaya aku keparenga nggendeng wong kang akeh banget.

maca bab lengkap 1 Korinta 9