Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 14:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Padha nggayuha marang katresnan, lan ganjaran-ganjaran saka Sang Roh, luwih-luwih peparing bab medhar wangsit.

2. Sapa kang ngucapake basa-roh, iku pangucape ora tumuju marang manungsa nanging marang Gusti Allah. Sabab ora ana wong kang mangreti basane; wong iku pangucape bab-bab kang winadi, marga saka Sang Roh.

3. Balik sapa kang medhar wangsit iku, anggone ngucap marang manungsa awujud pambangun, pitutur sarta panglipur.

4. Sing sapa calathu nganggo basa-roh iku mbangun awake dhewe; balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.

5. Aku seneng bae manawa kowe kabeh padha bisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwih seneng maneh manawa kowe padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.

6. Kang iku para sadulur, saupama aku nekani kowe lan ngucap nganggo basa-roh, iku apa paedahe tumraping kowe, manawa aku ora mratelakake bab wedharaning Allah, apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apa piwulang?

maca bab lengkap 1 Korinta 14