Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 12:15-30 Kitab Sutji (JAV)

15. Saupama sikil calathu mangkene: “Sarehne aku dudu tangan, mulane aku ora klebu peranganing badan,” apa bener yen sikil iku ora klebu peranganing badan?

16. Lan saupama kuping calathu mangkene: “Sarehne aku dudu mripat, mulane aku ora klebu peranganing badan,” kang iku apa iya bener yen kuping mau ora klebu peranganing badan?

17. Saupama badan sakojur iku mung wujud mripat, banjur pangrungune ana ing ngendi? Saupama badan sakojur iku mung wujud kuping, panggandane ana ing ngendi?

18. Nanging Gusti Allah wus mrenahake gegelitan iku, ing papane dhewe-dhewe ana ing badan, manut ing sakarsane.

19. Saupama kabeh iku mau mung dadi perangan siji, banjur badane iku ana ing ngendi?

20. Pancen perangane iku akeh, nanging badane mun siji.

21. Kang iku mripat ora kena calathu marang tangan mangkene: “Aku ora butuh kowe.” Lan sirah ora kena calathu marang sikil mangkene: “Aku ora butuh kowe.”

22. Malah peranganing badan kang ringkih dhewe, iku kang dibutuhake banget.

23. Lan gegelitaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajine, iku padha kita paesi ngleluwihi. Sarta peranganing badan kita kang saru, iku padha kita rukti kalawan becik banget.

24. Dene perang-peranganing badan kita kang wus pantes iku ora prelu karukti mangkono. Ujer Gusti Allah anggone ndhapuk badan kita iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwih marang perangan kang rupane ora pantes,

25. supaya ing sajroning badan aja nganti ana pasulayan, nanging kabeh perangan kang beda-beda kaanane iku malah padha reksa-rineksaa.

26. Mulane yen ana perangan siji kang lara, perangan liyane kabeh padha melu ngrasakake; manawa ana siji kang ingajenan, kabeh padha melu bungah.

27. Kowe iku padha dadi sarirane Sang Kristus, sarta siji-sijine padha dadi perangane.

28. Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.

29. Apa kabeh iku dadi rasul utawa nabi utawa guru? Apa kabeh mau padha tampa kabisan nganakake mukjijat,

30. utawa marasake, utawa kabisan migunakake basa roh utawa njarwakake basa roh?

maca bab lengkap 1 Korinta 12