22. Uga juru tenung Bileam, bin Beor wus dipateni klawan pedhang dening wong Israel, bebarengan karo wong kang padha mati ketaman ing pedhange.
23. Dadi tapel-watese dhaerahe bani Ruben iku bengawan Yarden lan tlatahing sapinggire. Yaiku kang dadi tanah pusakane bani Ruben miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.
24. Taler Gad, yaiku bani Gad, wus padha kaparingan dening Nabi Musa miturut gotrah-gotrahe panduman iki:
25. kang dadi darbeke yaiku: Yaezer lan sakehing kuthane nagara Gilead, sarta saparoning nagarane wong Amon tutug ing Aroer, kang kaprenah ing sawetane Raba,
26. yaiku wiwit ing Hesybon tutug ing Ramat-Mizpa lan ing Betonim, sarta saka ing Mahanaim tutug ing tlatahe Debir,
27. lan ing lebak Bet-Haram, Bet-Nimra, Sukot lan Zafon, kekarening karajane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; bengawan Yarden lan dhaerah pinggire tutug ing pungkasaning telaga Kineret, ing sawetane bengawan Yarden.
28. Iku tanah-pusakane wong bani Gad miturut gotrah-gotrahe, yaiku kutha-kuthane dalah desa-desane.