Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mungguh Akhab bin Kolaya, lan Zedhekia bin Maaseya, wong kang padha meca dora marang sira atas asmaningSun: Lah Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, bakal padha dipateni ana ing ngarepira dhewe,