Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 29:17-27 Kitab Sutji (JAV)

17. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Lah Ingsun bakal ngintunake pedhang, pailan lan pageblug ana ing tengahe lan Ingsun bakal ndadekake wong iku kaya woh anjir kang bosok, kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan.

18. Ingsun bakal mbujeng wong-wong iku kalawan pedhang, pailan lan pageblug lan Sundadekake pagiris tumrap sakehing karajan ing bumi, dadi dununging ipat-ipat lan marganing miris, poyokan lan cecampahan ana ing antarane para bangsa kang dadi paraning anggoningSun mbuyarake wong-wong iku,

19. minangka paukuman tumrap anggone padha ora ngrungokake marang dhawuhingSun, -- mangkono pangandikane sang Yehuwah --, kang wus Sunparingake marang para wong iku tanpa kendhat lumantar para abdiningSun, yaiku para nabi, nanging sira ora padha ngrungokake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

20. Nanging padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, heh sira kabeh wong buwangan, kang wus Sunkintunake saka Yerusalem menyang ing tanah Babil!

21. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mungguh Akhab bin Kolaya, lan Zedhekia bin Maaseya, wong kang padha meca dora marang sira atas asmaningSun: Lah Ingsun bakal ngulungake wong-wong iku marang tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, bakal padha dipateni ana ing ngarepira dhewe,

22. temah iku bakal didadekake ipat-ipat dening sakehe wong buwangan saka Yehuda kang padha ana ing Babil, mangkene ujare: Kareben Sang Yehuwah nandukake marang kowe kaya Zedhekia lan Akhab kang padha dipanggang ing geni dening ratu ing Babil!,

23. amarga saka anggone nglakoni duraka ana ing Israel, laku bandrek karo bojoning pepadhane, lan ngucapake doracara kalawan nyebut asmaningSun, mangka iku ora Sundhawuhake marang wong-wong iku. Ingsun piyambak nguningani lan nekseni piyambak prakara iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

24. Marang Semaya, wong Nekhelam iku, sira kandhaa mangkene:

25. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira wus kirim layang atas jenengira dhewe, marang sakehing wong kang ana ing Yerusalem, yaiku marang Imam Zefanya bin Maaseya lan para imam kabeh, surasane:

26. Sang Yehuwah wus ngangkat sira dadi imam nggenteni Imam Yoyadha, supaya sira dadi juru ngawat-awati ana ing padalemane Sang Yehuwah, supaya mbelok sadhengah wong owah kang ngaku nabi lan ngalungi rante wesi wong iku ing gulune,

27. mulane, yagene sira saiki kok ora nyaruwe Yeremia wong Anatot iku, kang ngaku nabi ana ing antaramu?

maca bab lengkap Yeremia 29