16. Sang Yehuwah, Gusti Allahmu iku luhurna,sadurunge Panjenengane ndadosake dina dadi peteng,sadurunge sikilmu kesandhung ana ing gunung-gunung,ing wanci repet-repet,ing sajrone kowe ngarep-arep padhang,nanging Panjenengane ndadosake padhang dadi peteng banget,dadi peteng ndhedhet.
17. Manawa kowe padha lumuh ngrungokake,aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu,luhku bakal kembeng-kembeng,malah nganti crocosan,jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwahdigiring dadi boyongan.
18. Sira matura marang Sang Prabu lan Sang Prameswari Ibu mangkene:“Kawula aturi lenggah ing papan ingkang andhap piyambak,amargi makuthaning kaluhuran paduka sampun rentah saking mastaka paduka!”
19. Kitha-kitha ing Tanah Negeb sampun dipun inebaken gapuranipun,lan boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngengakaken.Yehuda sampun kabucal sadayakabandhang dhateng pambucalan sadaya.