Nanging garwane nganti pitung dina suwene, ing sajroning pahargyan iku tansah muwun bae. Bareng tumeka pitung dinane batangane diwedharake marang garwane, amarga tansah nggubel bae, nuli batangane dipratelakake marang bangsane.