Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 13:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Ing taun kang kaping telung puluh pitune jamane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yoas putrane Sang Prabub Yoahas, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase nembelas taun.

11. Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosa kang katindakake wong Israel marga saka dhawuhe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, nanging terus bae anggone nglakoni dosa kang mangkono iku.

12. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, anggone perang nglawan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

13. Sawuse Sang Prabu Yoas kaparingan ngaso bareng karo para leluhure, Pangeran Yerobeam banjur lenggah ing dhamparing kang rama. Dene Sang Prabu Yoas kasarekake ana ing Samaria ing sandhinge para ratu ing Israel.

14. Nalika Nabi Elisa nandhang gerah kang njalari ing sedane, Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rawuh martuwi lan banjur muwun ana ing ngarsane, pangandikane: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretanipun Israel tuwin balanipun kekapalan!”

15. Nabi Elisa matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem karsaa mundhut gandhewa tuwin jemparing.” Iya banjur kacaosan gandhewa lan jemparing.

16. Ature marang ratu ing Israel: “Kawula aturi menthang gendhewa dalem!” Sang Prabu banjur menthang gendhewane, nanging Nabi Elisa numpangake astane ing astane Sang Prabu kambi matur:

17. “Cendhela ing sisih wetan punika kawengakna!” Lan nalika kawengakake, Nabi Elisa matur: “Kawula aturi njemparing!” Banjur dijemparing. Nabi Elisa matur: “Punika jemparinging kaunggulan paringipun Pangeran Yehuwah, jemparinging kaunggulan nglawan Aram. Panjenengan dalem badhe ngawonaken Aram wonten ing Afek, ngantos tumpes tapis.”

maca bab lengkap 2 Para Raja 13