Ing sawijining dina Sang Prabu Ahazia dhawah saka ing pancak-sujining cendhelane kamar dhuwur ing Samaria, nuli gerah. Tumuli utusan abdi-abdi kalawan dipangandikani mangkene: “Padha sowana ing ngarsane Sang Baal-Zebub, allah ing Ekron, nyuwuna pitedah, apa anggonku gerah iki bakal bisa senggang.”