Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wahyu 4:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono aku weruh: Lah, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wus dakrungu biyen, ngandikani aku kaya swarane kalasangka, mangkene: “Sira munggaha mrene bakal Suntedahi apa kang sawuse iki pinesthi kalakon ing tembe.”

2. Padha sanalika aku kalimputan ing Roh, lah ing swarga ana dhampar kapasang, lan ana kang lenggah ing dhampar iku.

3. Kang lenggah ing dhampar iku sawangane kaya sesotya yaspis lan sardhis; lan ing saubenge dhampar ana kluwunge kang katon sumunar kaya jumerud.

4. Anadene ing saubenge dhampar mau ana dhampare patlikur linenggahan ing pinituwa patlikur, padha mangagem putih sarta ngagem makutha emas.

maca bab lengkap Wahyu 4