Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 14:38-49 Kitab Sutji (JAV)

38. Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowe ora tumiba ing pangodha; roh iku cumadhang, nanging daging iku ringkih.”

39. Banjur tindak maneh lan ndedonga kaya sing dhisik mau.

40. Bareng wangsul, para sakabate lagi padha turu, amarga mripate mbliyut sarta ora padha ngreti kudu ngaturake wangsulan kapriye marang Panjenengane.

41. Bareng wangsul kaping telune banjur ngandika: “Saiki turua lan ngasoa. Wis samene bae, iki wis wancine, delengen, Putraning Manungsa diulungake marang tangane para wong dosa.

42. Tangia, ayo padha lunga, sing ngulungake Aku wis cedhak.”

43. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas kang dadi panunggalane sakabat rolas, dumadakan teka bebarengan karo wong sagrombolan kang padha asikep pedhang lan penthung, yaiku utusane para pangareping imam, ahli Toret lan para pinituwa.

44. Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau mangkene: “Wong kang dakcucup, yaiku wonge, cekelen lan dhabyangen sing kenceng.”

45. Bareng wis tekan ing kono Yudas banjur marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Rabbi,” nuli nucup.

46. Wong-wong mau banjur padha ngebyuk nyekel Gusti Yesus.

47. Salah sawijining wong kang ana ing kono ngunus pedhange lan banjur disabetake marang abdining Imam Agung, temah perung kupinge.

48. Gusti yesus ngandika marang wong-wong mau: “Apa kokkira Aku iki begal, kok dadi kowe padha mrene nyekel Aku kanthi asikep gegaman pedhang lan penthung?

49. Mangka saben dina Aku ana ing satengahmu, memulang ana ing Padaleman suci; Aku ora kokcekel. Nanging surasaning Kitab Suci pancen kudu kayektenan.”

maca bab lengkap Markus 14