31. “Simon, Simon, lah Iblis banget anggone nginteri kowe kabeh, kaya gandum,
32. nanging kowe wis dakdongakake, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.”
33. Atur wangsulane Petrus: “Gusti, kawula cumadhang mbelani Paduka, sanadyan ngantosa dipun kunjara lan dumuginipun pejah pisan.”
34. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur marang kowe, Petrus: ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurunge kowe nyelaki Aku nganti ping telu.”
35. Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Nalika kowe padha dakutus kae, ora nggawa rajut, kanthong utawa trumpah, apa kowe tau padha kekurangan apa-apa?”
36. Ature para sakabat: “Boten babar pisan.” Pangandikane Gusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapa duwe rajut, kagawaa, mangkono uga kang duwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang, ngedola jubahe kanggo tuku.
37. Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku:Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana.Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.”
38. Unjuke para sakabat: “Gusti, punika wonten pedhang kalih.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wis cukup.”
39. Gusti Yesus banjur miyos tedhak menyang ing gunung Zaitun kaya adate, kadherekake dening para sakabate uga.
40. Sarawuhe ing kono, para sakabate padha dipangandikani: “Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha.”
41. Panjenengane banjur misah dohe kira-kira sapambalang, nuli jengkeng ndedonga, ature:
42. “Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana.”
43. Banjur dikatingali malaekat saka ing langit kang nyantosakake Panjenengane.