15. Mulane dipadha bakuh lan padha ngantepana piwulang-piwulang kang wus padha dakwenehake marang kowe kabeh, kanthi patrap lisan utawa katulis.
16. Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglpur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,
17. muga karsaa paring panglipur lan nyantosakna atimu ing sajroning panggawe sarta pitembungan kang becik.