Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zefanya 3:10-20 Kitab Sutji (JAV)

10. Saka ing sabrange bengawan-bengawan ing tanah Etiopia, wong kang padha memuja Ingsun, kang wus kabuyarake, bakal padha nggawa pisungsung kagem Ingsun.

11. Ing dina iku sira ora bakal nandhang kawirangan, awit saka sakehe pokalira kang duraka marang Ingsun; marga ing dina iku Ingsun bakal nyingkirake saka ing tengahira wong-wongira kang padha umuk-umukan, sarta sira bakal ora ngluhurake dhiri maneh ana ing gunungingSun kang suci.

12. Lan ana ing tengahira Ingsun ngantunake umat kang andhap-asor lan ringkih, lan kang bakal golek pangayoman ana ing asmane Sang Yehuwah,

13. yaiku kekarene Israel iku. Iku bakal ora padha tumindak ambek siya lan ora ngucapake goroh, sarta ing cangkeme ora tinemu ilat kang cidra; awit bakal padha kaya wedhus gembel kang nyenggut lan mlegung, sarta ora ana kang gawe kagete.”

14. He putri Sion, padha giyak-giyaka! He Israel, padha surak-suraka! He putri ing Yerusalem, padha bungah-bungaha lan giyak-giyaka kalawan gumolonging ati.

15. Pangeran Yehuwah wus nyingkirake paukuman marang kowe, wus nyirnakake mungsuhmu. Ratune Israel, yaiku Pangeran Yehuwah, iku ana ing tengahmu, kowe ora bakal wedi marang kasangsaran maneh.

16. Ing dina iku bakal ana ucap-ucapan kang tumuju marang Yerusalem: “He Sion, aja wedi! Tanganmu aja nganti kendho.

17. Pangeran Yehuwah Allahmu ana ing tengahmu, bakal jumeneng dadi Pahlawan kang paring kaunggulan; banget karenan ing galih marga saka kowe. Panjenengane nganyarake kowe ana ing sihe, kanthi sumyak anggone sukarena ing ngatase kowe,

18. kaya ing dina parepatan gedhe.” “Ingsun bakal nyingkirake kasangsaran saka ing sira, satemah sira ora bakal nandhang pamada maneh.

19. Lan ing wektu iku Ingsun bakal matrapi wong kabeh kang wus nindhes marang sira; nanging mitulungi kang padha pincang, sarta ngumpulake kang padha pating slebar, lan sapira kang kawirangan bakal Sundadekake ingalembana lan misuwur ana ing salumahe bumi.

20. Ing wektu iku sira bakal Sunirid mulih, iya Sunklempakake lan Sundadekake misuwur lan ingalembana ana ing satengahe sakehe bangsa ing salumahe bumi, sarta kaananira bakal Sunpulihake ana ing sangarepe wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Zefanya 3