Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zefanya 3:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Bilai si tukang mbalela lan kang nandhang kanisthan, he, kutha kang kebak panganiaya,

2. kang ora gelem ngrungokake pituture sapa bae, lan ora mreduli marang pamada, ora kumandel marang Pangeran Yehuwah lan ora sowan marang ing ngarsane Gusti Allah.

3. Para pangarep ing satengahe iku singa kang nggero; para hakime iku asu ajag ing wayah bengi, kang ora ngengehake apa-apa tumeka esuke.

4. Para nabine padha umuk-umukan lan cidra, para imame padha najisake apa kang suci, nerak marang angger-anggering Toret.

5. Nanging Pangeran Yehuwah iku adil ana ing satengahe, ora siya-siya, saben esuk maringake pranatane, ora tau kasep ing wayah bangbang wetan. Nanging wong kang ambek siya iku ora weruh ing isin.

6. “Ingsun wus numpes para bangsa, menara-menarane balowarti wus padha gempur; lurung-lurunge wus Sunrisak, nganti ora ana wong kang liwat. Kutha-kuthane wus kabongkar, nganti ora ana wonge kang ngenggoni, suwung kabeh.

7. PangiraningSun: Mesthine saiki bakal wedi marang Ingsun, lan migatekake marang pamada sarta sakehe kawajiban saka Ingsun ora bakal dilirwakake. Ewadene malah mundhak nemen anggone mbanjurake sakehing pokale kang ala.

maca bab lengkap Zefanya 3