Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zefanya 2:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. He, bangsa kang ora duwe isin, padha dimempeng lan nglumpuka,

2. sadurunge kowe padha digusah kaya mrambut kabur ing angin; sadurunge katempuh ing bentering bebendune Pangeran Yehuwah, sadurunge katekan ing dinaning bebendune Sang Yehuwah.

3. He, sakehe wong ing nagara kang andhap-asor, kang netepi angger-anggere Sang Yehuwah, padha ngupayaa Panjenengane, ngupayaa kaadilan, ngupayaa andhap-asor, bokmanawa kowe bakal padha kaayoman ing dinane Pangeran Yehuwah.

4. Anadene Gaza bakal ditinggal ing wong, lan Askelon dadi sepi; ing wayah tengange para kang manggon ing Asdod bakal katundhungan sarta Ekron bakal kaobrak-abrik.

5. Bilai kowe para wong kang manggon ing Dhaerah Pasisir Sagara, kowe bangsa Kreti! Pangandikane Pangeran Yehuwah marang kowe mangkene: He Kanaan, tanahe wong Filisti! Ingsun bakal ngrisak marang sira, nganti wong kang ngenggoni sira ora ana maneh.

6. Dhaerah Pesisir Sagara bakal dadi panggonane para pangon lan kanggo kandhang wedhus kang kapageran.

7. Apadene dadi pandumane kekarening turune Yehuda; ana ing kono anggone angon lan ing wayah sore padha ngaso ing omah-omahe Askelon; marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe bakal nggatosake turune Yehuda sarta mulihake kaanane.

8. “Ingsun wus midhanget pamoyoke Moab, lan pangala-alane bani Amon, anggone memada marang umatingSun, sarta ngumukake awake tumrap wewengkone umatingSun iku.

9. Mulane, demi Ingsun agesang, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, Allahe Israel --: Moab bakal dadi padha kaya Sodom lan bani Amon kaya Gomora, yaiku dadi panggonan kang kathukulan lateng sarta pamelikan uyah, lan dadi sepi mamring ing salawas-lawase. Kekarene umatingSun bakal njarah-rayah tanah-tanah iku lan kekarene bangsa iku bakal ngebeki tanah-tanah iku dadi pusakane.”

10. Iku minangka piwalesing piangkuhe, marga wus padha memada lan ngegungake dhiri marang umate Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

11. Pangeran Yehuwah bakal nandukake kang nggegirisi, yaiku nyirnakake para allah ing salumahe bumi, temah saben bangsa ing dhaerah pasisir, bakal padha sujud marang Panjenengane, saka ing panggonane dhewe-dhewe.

maca bab lengkap Zefanya 2