Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zefanya 1:11-16 Kitab Sutji (JAV)

11. He wong ing pakampungan Lumpang, padha sesambata, awitdene sakehing sudagar wus padha tumpes, wus sirna sakehe wong kang nimbangi salaka.

12. Ing wektu iku Ingsun bakal nggledhah Yerusalem kalawan ngagem obor lan bakal ngukum marang wong kang wus padha ngenthel kaya anggur tumumpang ana ing endheg-endhege, lan kang duwe osik ing sajroning atine mangkene: Pangeran Yehuwah ora damel becik lan ora damel ala.

13. Mulane sabarang darbeke dadi rayahan lan omahe bakal padha dadi sepi mamring. Manawa padha gawe omah, ora bakal ngenggoni, sarta manawa gawe pakebonan anggur, ora bakal ngombe anggure.”

14. Wus cedhak dinane Sang Yehuwah kang ngedab-edabi iku, wus cedhak lan enggal banget tekane. Rungokna, dinane Sang Yehuwah iku pait, dalah para prawira uga bakal padha nangis.

15. Dene iku dinaning bebendu, dina kasusahan lan karubedan, dinane gempuran lan panumpesan, dinaning pepeteng lan surem, dinane mendhung lan pegowong,

16. dina ngunekake kalasangka lan surak-suraking perang nglawan kutha-kutha kang santosa sarta menara pojok kang dhuwur-dhuwur.

maca bab lengkap Zefanya 1