Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 8:14-23 Kitab Sutji (JAV)

14. Awitdene pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Yen ing biyen nalika para leluhurira padha memungu bebenduningSun, Ingsun banjur kagungan karsa arep ndhatengake bilai marang sira kabeh lan Ingsun ora keduwung -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --

15. nanging saiki Ingsun karsa damel becik maneh marang Yerusalem lan marang turune Yehuda. Sira aja padha wedi!

16. Iki prakara-prakara kang kudu sira tindakake: Sawiji-wijining wong ngucapa kang bener marang pepadhane, lan netepana angger-angger ing sabenere kang njalari tentrem ana ing gapura-gapuranira.

17. Aja ngangen-angen marang cilakane pepadhanira, karomaneh aja seneng asumpah palsu, sabab kabeh iku Sunsengiti.” Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

18. Ana maneh pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang aku, surasane:

19. “Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Wektu puwasa ing sasi kaping pat, lan ing sasi kalima, ing sasi kapitu lan ing sasi kaping sapuluh, iku bakal dadi kabungahan lan suka pari suka sarta dadi riyaya kang nengsemake marang turune Yehuda; mulane sira padha nengenna marang kabeneran lan karukunan!”

20. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Para bangsa lan para wong isine kutha-kutha pirang-pirang isih bakal padha teka maneh,

21. sarta para kang manggon ing kutha kang siji padha marani marang kang manggon ing kutha sijine kalawan ngucap: Payo padha sowan ngunjukake panyuwun marang Sang Yehuwah, supaya karsaa paring kamirahan tuwin ngupaya marang Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi! Aku dhewe iya bakal padha sowan.

22. Dadi bangsa pirang-pirang lan para suku bangsa kang santosa bakal padha teka ing Yerusalem, ngupaya Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, sarta padha nyuwun kamirahaning Yehuwah.”

23. Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: “Ing wektu iku ana wong sapuluh panunggalane para bangsa lan basa warna-warna, padha nggondheli pojoking jubahe wong Yahudi siji kalawan kenceng sarta ngucap: Kula sami badhe tumut panjenengan sadaya, margi kula sami mireng, bilih panjenengan sami tinunggil dening Gusti Allah!”

maca bab lengkap Zakharia 8