Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 8:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Nanging Ingsun bakal nyebar tentrem-rahayu. Ing kono wit anggur bakal metokake wohe, bumi bakal metokake asile sarta langit bakal menehake ebune. Iku kabeh bakal Sunparingake marang kekarene bangsa iki dadia darbeke.

13. He, turune Yehuda lan turune Israel, dhek biyen sira dadi ipat-ipat ana ing antarane para bangsa, nanging saiki Ingsun bakal ngganjar karaharjan marang sira kabeh nganti padha dadi berkah. Aja padha wedi, santosakna atinira!”

14. Awitdene pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Yen ing biyen nalika para leluhurira padha memungu bebenduningSun, Ingsun banjur kagungan karsa arep ndhatengake bilai marang sira kabeh lan Ingsun ora keduwung -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --

15. nanging saiki Ingsun karsa damel becik maneh marang Yerusalem lan marang turune Yehuda. Sira aja padha wedi!

16. Iki prakara-prakara kang kudu sira tindakake: Sawiji-wijining wong ngucapa kang bener marang pepadhane, lan netepana angger-angger ing sabenere kang njalari tentrem ana ing gapura-gapuranira.

17. Aja ngangen-angen marang cilakane pepadhanira, karomaneh aja seneng asumpah palsu, sabab kabeh iku Sunsengiti.” Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

18. Ana maneh pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang aku, surasane:

19. “Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Wektu puwasa ing sasi kaping pat, lan ing sasi kalima, ing sasi kapitu lan ing sasi kaping sapuluh, iku bakal dadi kabungahan lan suka pari suka sarta dadi riyaya kang nengsemake marang turune Yehuda; mulane sira padha nengenna marang kabeneran lan karukunan!”

maca bab lengkap Zakharia 8