Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 8:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene:

2. “Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Banget anggoningSun mbudidaya nindakake samubarang kanggo Sion lan kalawan bramatya kang banter.

3. Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal rawuh ing Sion maneh lan akedhaton ing tengahe Yerusalem, sarta Yerusalem bakal kasebut: Kutha Setya, dene gununge Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal kasebut: Gunung Suci.

4. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Ing lurung-lurunge Yerusalem bakal ana wong kaki-kaki lan nini-nini padha lungguh maneh kalawan padha nyekel teken, marga saka kehing umure;

5. sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal kebak bocah-bocah lanang lan wadon kang padha dolanan ana ing kono.

6. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Manawa lelakon ing wektu iku diarani aneh dening kekarene bangsa iki, apa Ingsun iya bakal mastani aneh uga? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

7. Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Lah umatingSun Sunentasake saka ing panggonan pletheking srengenge nganti tumeka ing papan surupe,

8. sarta bakal Sunulihake mrene, supaya padha manggon ana ing tengahe Yerusalem, apadene bakal padha dadi umatingSun, sarta Ingsun dadi Allahe kalawan kasetyan lan kaadilan.”

9. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Padha kuwatna atinira, he, para wong kang sasuwene iki padha krungu pangandika kang dilairake dening para nabi iku, wiwit nalika masang tetalesing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, nalika Padaleman Suci kaadegake.

10. Awit sadurunge iku wong padha ora oleh rejeki, mangkono uga kewan: sarta wong kang mlebu metu ora bisa tentrem marga saka anane mungsuh, apadene Ingsun ndadekake wong kabeh padha memungsuhan.

11. Nanging saiki, pangrehingSun marang kekarene bangsa iki ora kaya dhek biyen, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

12. Nanging Ingsun bakal nyebar tentrem-rahayu. Ing kono wit anggur bakal metokake wohe, bumi bakal metokake asile sarta langit bakal menehake ebune. Iku kabeh bakal Sunparingake marang kekarene bangsa iki dadia darbeke.

maca bab lengkap Zakharia 8