Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 7:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Iki rak pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah lumantar para nabi kang dhisik, nalika Yerusalem dalah kutha-kutha ing saubenge isih dienggoni lan isih santosa, mangkono uga Tanah Negeb lan Dhaerah Pagunungan iya isih dienggoni.”

8. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Zakharia, mangkene:

9. “Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Anggonira nindakake pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijine.

10. Aja nindhes randha lan bocah lola, apadene wong ngamanca lan wong miskin, mangkono uga ing sajrone atinira aja ana kang ngrancang sumedya nandukake piala marang wong siji lan sijine.”

11. Nanging padha ora gelem nilingake, malah ngakokake pundhake sumedya nglawan lan mbudhegake kupinge supaya aja nganti krungu.

12. Atine padha diatosake kaya inten, supaya aja nganti krungu marang piwulang lan pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kalawan Rohe lumantar para nabine kang dhisik, temah padha kataman bebendune Sang Yehuwah kang ngedab-edabi.

13. “Kayadene anggone padha ora ngrungokake nalika katimbalan, iya kaya mangkono anggoningSun ora midhangetake nalika padha sambat-sambat, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --

14. Mulane bakal padha Sundamoni kaya tumanduke angin prahara, menyang ing antarane sakehe para umat kang ora diwanuhi, sarta sawuse iku tanahe dadi suwung, nganti ora kasaba ing wong, mangkono nagara kang adi iku padha didadekake tanah kang sepi mamring dening wong-wong mau.”

maca bab lengkap Zakharia 7