Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 7:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping pat jamane Sang Prabu Dharius, pinuju tanggal kaping papat sasi kasanga, yaiku sasi Kislew, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia.

2. Dene wong kang manggon ing Betel wus padha kongkonan Sarezer lan Regem-Melekh sakancane, supaya ngunjukake panyuwun muga kaparingana sih-kamirahane Sang Yehuwah,

3. sarta matur marang para imam kang ana ing padalemaning Yehuwah Gustine sarwa dumadi lan marang para nabi, mangkene: “Punapa kula kedah sami nangis lan puwasa ing wulan kaping gangsal kados ingkang sampun kula lampahi mataun-taun laminipun punika?”

4. Ing kono ana pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang aku, mangkene:

maca bab lengkap Zakharia 7