Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 6:11-15 Kitab Sutji (JAV)

11. Munguta salaka lan mas, iku banjur gawenen makutha lan sira etrapna ing sirahe Imam Agung Yusak bin Yozadak,

12. kalawan pratelanana: Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Lah iki priya kang asmane Sang Trubusan. Iki bakal tuwuh saka ing papane, lan bakal yasa padalemane Sang Yehuwah.

13. Panjenengane kang bakal mbangun padalemane Sang Yehuwah, sarta kang bakal tampi kaluhuran sarta lenggah ana ing dhampare kalawan ngasta paprentahan. Ing tengene bakal ana sawijining imam, sarta panjenengane sakarone iku bakal padha pirembagan bab damel tentrem-rahayu.

14. Anadene makutha iku bakal tetep kasimpen ana ing padalemane Sang Yehuwah, minangka pangeling-eling marang Heldai, Tobia, Yedaya lan marang Yosia anake Zefanya.

15. Wong-wong kang adoh bakal padha teka melu mbangun padalemane Sang Yehuwah, ing kono kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe kabeh. Lan prakara iki bakal kelakon, manawa kowe padha ngrungokake swarane Pangeran Yehuwah Allahmu kalawan temenan.”

maca bab lengkap Zakharia 6