Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 6:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku banjur tumenga maneh sarta weruh: lah ana kreta papat metu saka ing antarane gunung loro. Anadene gunung iku gunung tambaga.

2. Kreta kang kapisan rakitane jaran abang, kreta kang kapindho jaran ireng.

3. Kang katelu jaran putih lan kang kapat jaran plangka lan plontheng.

4. Aku banjur nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, aturku: “Dhuh bendara, punika sadaya tegesipun kadospundi?”

5. Paring wangsulane malaekat: “Kabeh iku metu marang ing keblat papat, sawuse padha seba marang ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi.”

6. Kang rakitane jaran ireng iku menyang ing Tanah Lor; kang putih iku parane mangulon, dene kang plangka menyang Tanah Kidul;

7. sarta kang abang iku metu, bingung arep lunga sumedya ndlajahi salumahe bumi. Nuli padha kadhawuhan: “Mangkata, padha ndlajahana salumahe bumi!” Bumi banjur didlajahi.

8. Panjenengane tumuli nguwuh marang aku: “Sawangen, kang lakune menyang Tanah Lor iku arep nentremake RohingSun ana ing Tanah Lor kono.”

maca bab lengkap Zakharia 6