Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 5:8-11 Kitab Sutji (JAV)

8. Pangandikane malaekat mau: “Iku kadursilan!” Wong wadon iku banjur dijorogake maneh ana ing takeran efa, sarta bandhule timah kabanting ing cangkeme efa.

9. Aku tumuli tumenga lan weruh, ana wong wadon loro kang suwiwine kasentor ing angin; suwiwine mau kayu suwiwine manuk cangak. Efane banjur diangkat mumbul dening wong loro iku ana ing antarane bumi karo langit.

10. Aku tumuli nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Efa punika dipun bekta dhateng pundi?”

11. Paring wangsulane malaekat: “Menyang ing tanah Sinear, wong wadon iku arep digawekake omah ana ing kana; samangsa wus dadi, wong wadon mau banjur dipapanake ana ing omah kono.”

maca bab lengkap Zakharia 5