Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 4:11-13 Kitab Sutji (JAV)

11. Aku banjur matur pitakon mangkene: “Menggah wit jaitun kalih ingkang wonten ing tengen sarta ing kiwanipun padamaran punika, punapa tegesipun?”

12. Aku tumuli matur maneh: “Menggah pangipun wit jaitun kalih sandhing torong emas kalih ingkang ngilekaken jer-jeran emas saking nginggilipun, punika punapa tegesipun?”

13. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe apa ora sumurup tegese iku?” Atur wangsulanku: “Boten sumerep, bendara!”

maca bab lengkap Zakharia 4