Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 4:10-14 Kitab Sutji (JAV)

10. Sabab sapa kang ngremehake marang dina kelakoning prakara-prakara kang sapele, iku bakal padha bungah-bungah ndeleng watu pilihan kang ana ing tangane Zerubabel.Dene kang pitu iki tingale sang Yehuwah, kang ndlajahi salumahe bumi.”

11. Aku banjur matur pitakon mangkene: “Menggah wit jaitun kalih ingkang wonten ing tengen sarta ing kiwanipun padamaran punika, punapa tegesipun?”

12. Aku tumuli matur maneh: “Menggah pangipun wit jaitun kalih sandhing torong emas kalih ingkang ngilekaken jer-jeran emas saking nginggilipun, punika punapa tegesipun?”

13. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe apa ora sumurup tegese iku?” Atur wangsulanku: “Boten sumerep, bendara!”

14. Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi!”

maca bab lengkap Zakharia 4