1. Kacarita malaekat kang ngandikan karo aku mau rawuh maneh, banjur nggigah aku patrape kaya nggigah wong lagi turu.
2. Pangandikane marang aku: “Kowe ndeleng apa?” Atur wangsulanku: “Kula ningali padamaran mas bleg, wadhahipun lisah wonten ing perangan nginggil; padamaran punika wonten damaripun pitu, kaliyan malih ing nginggilipun damar satunggal-tunggalipun wonten torongipun pitu;
3. punapa malih padamaran punika kaukiran wit jaitun kalih, satunggal wonten ing tengenipun wadhah lisah, satunggalipun wonten ing kiwanipun.”
4. Aku tumuli matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku mangkene: “Dhuh bendara, punika tegesipun kadospundi?”
5. Malaekat kang ngandikan karo aku iku nuli ndangu: “Kowe apa ora ngreti tegese kabeh iku?” Aturku: “Boten mangretos, bendara!”
6. Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --
7. He, gunung kang gedhe, sira iku sapa? Ana ing ngarepe Zerubabel sira bakal dadi tanah rata, dene Zerubabel iku bakal ngangkat watu kang pinunjul dene wong padha surak-surak: Apik! Apik banget watu iku!”
8. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
9. “Tangane Zerubabel wus nalesi padaleman iki, iya tangane iku uga kang bakal ngrampungake, temah kowe bakal sumurup, yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi kang ngutus aku nemoni kowe.