Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 2:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. Ayo, ayo ta! Padha lumayua saka ing Tanah Lor, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- awit sira padha Sunbuyarake ing keblat papat, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --

7. Ayo, ngungsia menyang ing Sion, he, wong kang padha manggon ing Babil!

8. Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, -- sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. --

9. “Lah ta Ingsun bakal ngobat-abitake astaningSun marang para wong iku, lan banjur padha dadi bandhangane para wong kang ing maune dadi reh-rehane.” Nuli kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi iku kang ngutus aku.

10. “He putri Sion! Padha surak-suraka lan bungah-bungaha, awit Ingsun rawuh lan dedalem ana ing tengahira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

11. Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen pangeran Yehuwah kang ngutus aku.

12. Ing kono Yehuda bakal kapundhut dening Sang Yehuwah dadi kagungane ana ing tanah kang suci, sarta Yerusalem bakal kapilih uga.

13. He sakehe tumitah! Padha manenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci.

maca bab lengkap Zakharia 2