Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 2:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku banjur tumenga lan weruh, lah ana priya kang nyekel tali ukuran,

2. Aku banjur matur pitakon: “Panjenengan tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane: “Arep ngukur Yerusalem, kepengin weruh pira ambane lan pira dawane.”

3. Anadene malaekat kang ngandikan karo aku iku tumuli majeng, banjur ana malaekat liyane kang methukake,

4. iku diprentahi mangkene: “Lumayua, wong nom kang ana ing kana kae kandhanana: Yerusalem bakal tetep kaya ara-ara kang ngeblak, awit saka kehing manungsa lan kewan kang ana ing jerone.

5. Sarta Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”

6. Ayo, ayo ta! Padha lumayua saka ing Tanah Lor, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- awit sira padha Sunbuyarake ing keblat papat, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --

7. Ayo, ngungsia menyang ing Sion, he, wong kang padha manggon ing Babil!

8. Amarga pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, kang ing sajroning kamulyane wus ngutus aku gegayutan karo para bangsa kang wus njarahi kowe, -- sabab sing sapa nggepok kowe dadi nggepok thelenging paningale. --

9. “Lah ta Ingsun bakal ngobat-abitake astaningSun marang para wong iku, lan banjur padha dadi bandhangane para wong kang ing maune dadi reh-rehane.” Nuli kowe bakal padha sumurup yen Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi iku kang ngutus aku.

10. “He putri Sion! Padha surak-suraka lan bungah-bungaha, awit Ingsun rawuh lan dedalem ana ing tengahira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

11. Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen pangeran Yehuwah kang ngutus aku.

maca bab lengkap Zakharia 2