Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 14:16-21 Kitab Sutji (JAV)

16. Kekarene sakehe bangsa kang wus nglurugi perang Yerusalem, iku saben taun bakal padha seba ngabekti marang Sang Prabu, Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, lan mahargya riyaya Tancebing Tarub.

17. Nanging manawa panunggalane para bangsa ing sajagad ora menyang Yerusalem, seba ngabekti marang Sang Prabu, Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, iku bakal ora kaparingan udan.

18. Mangkono maneh manawa golonganing bangsa ing tanah Mesir ora seba ngadhep, bakal kataman wewelak kang kadhawahake dening Pangeran Yehuwah marang sakehe bangsa, kang ora seba mahargya riyaya Tancebing Tarub.

19. Kaya mangkono kang bakal dadi paukumane wong Mesir, sarta paukumane sakehe bangsa kang ora seba mahargya riyaya Tancebing Tarub.

20. Ing wektu iku dalah klinthingan jaran bakal ana tulisane kang muni: “Suci kagem Pangeran Yehuwah!” Sarta sakehe kuwali ing padalemane Sang Yehuwah dadi padha karo bokor-bokor panyiraman ing sangarepe misbyah.

21. Apadene sakehe kuwali ing Yerusalem lan ing tanah Yehuda bakal padha dadi sengkeran kagem Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi; sakehe wong kang saos kurban bakal njupuk kuwali mau, kanggo nggegodhog. Ing wektu iku ing padalemane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal wus ora ana maneh wong kang dedagangan.

maca bab lengkap Zakharia 14