Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 14:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Lah bakal teka dina kang katetepake dening Pangeran Yehuwah, nuli barang darbekira kang dirayah bakal kaedum-edum ana ing tengahira.

2. Ingsun bakal nglumpukake sakehe bangsa, kang bakal padha nglurugi perang marang Yerusalem, kutha iku nuli bakal direbut, omah-omahe padha dijarah-rayah, wonge wadon padha dirusuhi. Wong isine nagara separo kagawa metu menyang pambuwangan, nanging kekarene umat ora bakal katumpes saka ing kutha kono.

3. Pangeran Yehuwah banjur bakal majeng perang nglawan bangsa-bangsa iku, kaya ing nalika dinaning campuh perang.

4. Ing wektu iku sampeyane tumapak ana ing gunung Jaitun kang kaprenah iung sangarepe Yerusalem sisih wetan. Gunung Jaitun mau bakal binelah dadi loro, saka ing wetan mangulon, satemah banjur nganakake lebak kang jembar banget; sigarane gunung mau kang siji mingser mangalor, sijine mengidul.

5. Lebaking gunung-gunungingSun bakal ketutupan, sabab lebaking gunung iku bakal notog ing sisihe; nuli sira bakal padha lumayu ngungsi kaya nalika sira ngungsi marga saka lindhu ing jamane Uzia, ratu ing Yehuda. Pangeran Yehuwah Gusti Allahku banjur bakal rawuh kadherekake dening sakehe para suci.

6. Ing wektu iku bakal ora ana hawa adhem maneh utawa mangsa bedhidhing,

7. nanging bakal ana dina -- dina iku kauningan dening Sang Yehuwah -- kang tanpa bengi lan tanpa awan, sarta bengi uga dadi awan.

8. Karodene ing dina iku bakal ana banyu urip kang mili saka ing Yerusalem, kang separo mili menyang ing sagara sisih wetan, separone mili menyang ing sagara sisih kulon; bab iku bakal terus mangkono ing mangsa panas lan ing mangsa bedhidhing.

9. Sang Yehuwah nuli bakal jumeneng Ratu, misesani salumahing bumi; ing wektu iku mung Pangeran Yehuwah kang jumeneng mribadeni lan mung asmane kang ana.

maca bab lengkap Zakharia 14