Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 12:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Sawuse mangkono para gotrah ing Yehuda bakal padha mosik mangkene: Wong isine Yerusalem iku padha kadunungan kakuwatan marga saka Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, iku Gusti Allahe.

6. Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.

7. Tarube Yehuda bakal padha dipitulungi dhisik dening Pangeran Yehuwah, supaya turune Sang Prabu Dawud lan para wong isine Yerusalem aja banget-banget anggone padha ngunggul-unggulake Yehuda.

8. Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge.

9. Apadene ing dina iku Ingsun ngangkah numpes sakehe bangsa kang nempuh perang marang Yerusalem.”

10. “Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.

11. Ing wektu iku patangisan ing Yerusalem bakal kaya pangadhuhe Hadad-Rimon ana ing lebak Megido.

12. Wong sanagara bakal padha nganakake patangisan, saben sakulawarga dhewe, sagolongane turune Dawud dhewe, lan somahe iya dhewe; sagolongane turune Natan dhewe, lan somahe iya dhewe;

13. gotrah turune Lewi dhewe, sarta somahe iya dhewe; gotrah turune Simei dhewe, sarta somahe iya dhewe;

14. mangkono uga golongan liya-liyane saben gotrah dhewe, lan somahe iya dhewe.”

maca bab lengkap Zakharia 12