Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 12:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. “Lah Yerusalem Sundadekake bokor pangomben kang mendemi tumrap sakehe bangsa ing sakubenge, sarta Yehuda bakal ngrasakake susah samangsa Yerusalem kakepung.

3. Ing wektu iku Yerusalem bakal Sundadekake watu kang dijunjung kanggo sakehe bangsa. Sapa bae kang njunjung mesthi banget anggone nandhang tatu. Sarta sakehe bangsa ing bumi bakal padha nglumpuk nglawan marang Yerusalem mau.

4. Ing wektu iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Ingsun bakal damel bingunge sakehe jaran, lan sakehe wong kang nunggangi padha dadi edan, balik tumrap para turune Yehuda, Ingsun bakal ngelekake paningalingSun, nanging jarane bangsa liya bakal Sundadekake picak.

5. Sawuse mangkono para gotrah ing Yehuda bakal padha mosik mangkene: Wong isine Yerusalem iku padha kadunungan kakuwatan marga saka Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, iku Gusti Allahe.

6. Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.

7. Tarube Yehuda bakal padha dipitulungi dhisik dening Pangeran Yehuwah, supaya turune Sang Prabu Dawud lan para wong isine Yerusalem aja banget-banget anggone padha ngunggul-unggulake Yehuda.

maca bab lengkap Zakharia 12