Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 12:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. WangsitPangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake tumrap Israel: Pangandikane Sang Yehuwah kang njereng langit lan kang nalesi bumi, sarta kang nitahake roh ing sajroning manungsa:

2. “Lah Yerusalem Sundadekake bokor pangomben kang mendemi tumrap sakehe bangsa ing sakubenge, sarta Yehuda bakal ngrasakake susah samangsa Yerusalem kakepung.

3. Ing wektu iku Yerusalem bakal Sundadekake watu kang dijunjung kanggo sakehe bangsa. Sapa bae kang njunjung mesthi banget anggone nandhang tatu. Sarta sakehe bangsa ing bumi bakal padha nglumpuk nglawan marang Yerusalem mau.

maca bab lengkap Zakharia 12