Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 1:7-21 Kitab Sutji (JAV)

7. Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, pinuju sasi kang kaping sawelas, iya sasi Syebat, tanggal kaping patlikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia bin Berekhya bin Idho, mangkene:

8. “Dhek mau bengi aku tampa wahyu: aku ndeleng ana priya nitih jaran abang, jumeneng ana ing antarane wit jambu keling kang ana ing jurang; lan ing burine ana jaran-jaran kang ulese abang, abang nom lan putih.

9. Aku banjur matur: Dhuh bendara, punapa tegesipun sadaya punika? Malaekat kang mangandikani aku tumuli paring wangsulan mangkene: Aku bakal nuduhake apa tegese kabeh iku mau.

10. Priya kang ngadeg ana ing antarane wit jambu keling iku banjur wiwit guneman, celathune: Iki kabeh wong kang padha kautus dening Pangeran Yehuwah ndlajahi bumi.

11. Wong-wong mau banjur padha matur marang Sang Malaekating Yehuwah kang jumeneng ana ing antarane wit jambu keling, mangkene: Kawula sampun sami ndlajahi dhateng bumi, lah salumahing bumi katingal ayem lan tentrem.

12. Ing kono ature Sang Malaekating Yehuwah: Dhuh Yehuwah, Gustinipun sarwa tumitah, badhe ngantos pinten laminipun anggen Paduka boten welas dhateng Yerusalem sarta kitha-kithanipun Yehuda ingkang sampun Paduka bendoni laminipun pitung dasa taun punika?

13. Sang Yehuwah tumuli paring wangsulan marang malaekat kang ngandika karo aku mau, kalawan tetembungan kang kapenak lan nglipur.

14. Malaekat kang ngandikan karo aku banjur dhawuh marang aku mangkene: Iki undhangna: Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Wus banget anggoningSun mbudidaya kanggo Yerusalem lan Sion,

15. nanging banget anggoningSun bendu marang para bangsa kang rumangsa tentrem iku lan kang bareng Ingsun duka sathithik bae, banjur padha ngrewangi gawe piala;

16. mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun wangsul maneh marang Yerusalem kalawan sih-kadarman. PadalemaningSun bakal kabangun maneh ana ing kana, -- mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- sarta tali ukuran bakal kapenthang maneh ing sadhuwure Yerusalem.

17. Kajaba saka iku sira ngundhangna iki: Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi mangkene: Kutha-kuthaningSun bakal padha pulih luber ing kautaman, sarta Sang Yehuwah bakal maringi panglipur marang Sion lan Yerusalem bakal kapilih maneh.”

18. Aku tumuli tumenga lan ndeleng, lah ana sungu papat,

19. aku banjur matur pitakon marang malaekat kang ngandikan karo aku, mangkene: “Punika tegesipun punapa?” Paring wangsulane: “Sungu-sungu iku kang wus mbuyarake Yehuda, Israel, sarta Yerusalem.”

20. Pangeran Yehuwah tumuli nedahake marang aku pandhe papat.

21. Aku banjur matur pitakon: “Tiyang-tiyang punika dhatengipun badhe nindakaken punapa?” Paring wangsulane malaekat marang aku mangkene: “Iku uga sungu kang wus padha mbuyarake Yehuda, nganti ora ana wong siji-sijia kang wani ndengengek. Anadene tekane iku arep gawe kagete wong-wong iku, yaiku mbanting sungune para bangsa kang wus padha masang sungune marang tanah Yehuda arep dibuyarake.”

maca bab lengkap Zakharia 1