Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 9:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. sikile padha dianggoni trumpah kang elek-elek lan tambalan, sarta padha nganggo sandhangan kang wus lungsed; lan sangune roti kabeh wus garing, kari gogrogan thok.

6. Kaya mangkono anggone padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Gilgal. Ature marang Senapati Yusak lan para wong Israel: “Kula punika sami dhateng saking tanah tebih, lah sapunika panjenengan karsaa damel prajanjian kaliyan kula.”

7. Nanging wong Israel tumuli padha celathu marang wong Hewi mau: “Bokmanawi panjenengan punika sami manggen wonten ing tengah-tengah kula ngriki, kadospundi anggen kula saged damel prajanjian kaliyan panjenengan?”

8. Wonge padha matur marang Senapati Yusak: “Kula sami dadosa abdi-abdi panjenengan.” Tumuli padha didangu: “Panjenengan punika sinten saha rawuh panjenengan saking pundi?”

9. Atur wangsulane: “Para abdi panjenengan punika dhateng saking tanah ingkang tebih sanget, awit saking asmanipun Yehuwah, Gusti Allah panjenengan; amargi kula sampun sami mireng wartosipun, inggih samukawis ingkang sampun dipun tindakaken wonten ing tanah Mesir,

10. saha samukawis ingkang katandukaken dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, Sang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon kaliyan Sang Prabu Og, ratu ing nagari Basan, ingkang akedhaton wonten ing Asytarot.

11. Milanipun para sesepuh kula kaliyan sakathahipun tiyang ing tanah kula sami meling dhateng kula, makaten: Padha nggawaa sangu kanggo ana ing dedalan lan padha methukna bangsa iku sarta padha matura: Kawula sami dados abdi panjenengan, mugi karsaa damel prajanjian kaliyan kula.

12. Punika roti kula, anggen kula mbekta saking griya kangge sangu taksih anget, nalika kula sami mangkat badhe lumampah sowan dhateng ing ngarsa panjenengan, kapirsanana sapunika sampun garing kantun gogrogan thok.

13. Lah punika impes wadhah anggur, punika kala kula iseni sami taksih enggal, mangga sapunika kapirsanana sampun sami bedhah, makaten ugi sandhangan kaliyan trumpah kula punika ugi sami sampun awon, jalaran saking lelampah ingkang tebih punika.”

14. Wong Israel tumuli padha njupuk sangune wong-wong mau, nanging padha ora nyuwun putusan marang Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Yusak 9