Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 9:12-27 Kitab Sutji (JAV)

12. Punika roti kula, anggen kula mbekta saking griya kangge sangu taksih anget, nalika kula sami mangkat badhe lumampah sowan dhateng ing ngarsa panjenengan, kapirsanana sapunika sampun garing kantun gogrogan thok.

13. Lah punika impes wadhah anggur, punika kala kula iseni sami taksih enggal, mangga sapunika kapirsanana sampun sami bedhah, makaten ugi sandhangan kaliyan trumpah kula punika ugi sami sampun awon, jalaran saking lelampah ingkang tebih punika.”

14. Wong Israel tumuli padha njupuk sangune wong-wong mau, nanging padha ora nyuwun putusan marang Sang Yehuwah.

15. Senapati Yusak banjur memitran karo para wong iku mau sarta damel prajanjian manawa bakal padha diuripi, malah para panggedhene padha prajanji klawan sumpah.

16. Nanging sawise oleh telung dina anggone padha gawe prajanjian karo wong-wong iku mau, tumuli padha krungu warta, yen wong-wong iku padha manggon ana ing cedhakan bae, malah padha manggon ana ing satengahe.

17. Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.

18. Wonge padha ora dipateni dening wong Israel, amarga wus padha tampa prajanjian saka para panggedhening umat klawan sumpah atas asmane Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Wong saumat kabeh padha pating kedumel marang para panggedhe mau.

19. Sakehe para panggedhe padha mituturi wong saumat kabeh: “Aku wus padha prajanji marang para wong iku klawan sumpah atas asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, saiki aku padha ora kena ngarubiru wong iku.

20. Mangkene kang bakal padha daktindakake: Wong iku kareben padha diuripi, supaya kita aja nganti padha katiban ing bebendu gedhe awit saka sumpah kang wus padha daklairake marang wong-wong iku.”

21. Para panggedhe nuli padha nyambungi maneh: “Kareben paha lestari urip.” Wong-wong iku padha didadekake tukang amek kayu lan pangangsu lumadi marang wong saumat kabeh, kaya kang wus dadi katetepane para panggedhe mau tumrap wong-wong iku.

22. Senapati Yusak banjur nimbali wong-wong mau, kang tumuli padha dipangandikani mangkene: “Yagene kowe kok padha ngapusi marang aku, pangucapmu: Panggenan kula tebih sanget saking panjenengan, jebulane kowe padha manggon ana ing tengahku kene?

23. Kang iku kowe padha kenaa ing ipat-ipat lan kowe salawase padha dadi batur, yaiku tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang padalemane Gusti Alahku.”

24. Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.

25. Lah sapunika kula sami wonten ing asta panjenengan, sami kadamela kados pundi ingkang kagalih prayogi tuwin leres ingkang badhe katandukake dhateng kula sadaya.”

26. Banjur iya mangkono iku kang katandukake dening Senapati Yusak marang wong mau, padha diluwari saka ing tangane wong Israel, satemah ora padha dipateni.

27. Lan ing dina iku uga wong-wong mau padha ditetepake dening Senapati Yusak dadi tukang amek kayu lan juru pangangsu lumadi marang umat lan marang misbyahe Pangeran Yehuwah nganti tumeka saprene, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Panjenengane.

maca bab lengkap Yusak 9