Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 9:11-18 Kitab Sutji (JAV)

11. Milanipun para sesepuh kula kaliyan sakathahipun tiyang ing tanah kula sami meling dhateng kula, makaten: Padha nggawaa sangu kanggo ana ing dedalan lan padha methukna bangsa iku sarta padha matura: Kawula sami dados abdi panjenengan, mugi karsaa damel prajanjian kaliyan kula.

12. Punika roti kula, anggen kula mbekta saking griya kangge sangu taksih anget, nalika kula sami mangkat badhe lumampah sowan dhateng ing ngarsa panjenengan, kapirsanana sapunika sampun garing kantun gogrogan thok.

13. Lah punika impes wadhah anggur, punika kala kula iseni sami taksih enggal, mangga sapunika kapirsanana sampun sami bedhah, makaten ugi sandhangan kaliyan trumpah kula punika ugi sami sampun awon, jalaran saking lelampah ingkang tebih punika.”

14. Wong Israel tumuli padha njupuk sangune wong-wong mau, nanging padha ora nyuwun putusan marang Sang Yehuwah.

15. Senapati Yusak banjur memitran karo para wong iku mau sarta damel prajanjian manawa bakal padha diuripi, malah para panggedhene padha prajanji klawan sumpah.

16. Nanging sawise oleh telung dina anggone padha gawe prajanjian karo wong-wong iku mau, tumuli padha krungu warta, yen wong-wong iku padha manggon ana ing cedhakan bae, malah padha manggon ana ing satengahe.

17. Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.

18. Wonge padha ora dipateni dening wong Israel, amarga wus padha tampa prajanjian saka para panggedhening umat klawan sumpah atas asmane Yehuwah, Gusti Allahe Israel. Wong saumat kabeh padha pating kedumel marang para panggedhe mau.

maca bab lengkap Yusak 9