Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 8:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. Dene sawise kuthane kokrayut, banjur obongen; kabeh iku padha tindakna ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah; gatekna, iku prentahku marang kowe.”

9. Kaya mangkono dhawuhe Sang Yusak marang wong-wong mau, banjur padha mangkat menyang pandhelikane ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha Ai. Nanging ing wayah bengi iku Senapati Yusak nyare ana ing satengahe rakyat.

10. Esuke ing wayah bangun Sang Yusak wungu, nuli mriksa barisaning rakyat, sarta banjur bidhal menyang ing kutha Ai, kadherekake dening para tetuwane Israel, tindake ana ing ngarepe wadyabala.

11. Uga sakehe wadyabala kang ndherek tindake padha maju terus; padha mangsah ngangseg nganti tekan ing ngarepe kutha, banjur padha lereb ana ing salore kutha Ai, dadi lebake ana ing antarane wong-wong mau lan kutha Ai.

12. Sang Senapati Yusak wus mundhut bala watara limang ewu kang padha didhawuhi baris pendhem ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha.

13. Dene carane mapagake bala iku mangkene: balane kabeh ana ing salore kutha lan barise pendhem ana ing sakulone kutha. Ing wayah bengi iku Sang Yusak lumampah miyos ing lebak kono.

14. Ing wayah esuk bareng ratu ing Ai mirsa kang kaya mangkono iku, banjur enggal-enggal miyosi perang karo rakyate kabeh, wong-wong ing kutha kono, sarta banjur nempuh wong Israel ana ing ereng-ereng ing ngarepe lebak; Sang Prabu ora mirsa yen ing burine kutha ana barisane pendhem.

15. Sang Senapati Yusak lan wong Israel kabeh nuli api-api kalah ana ing ngarepe bala ing Ai sarta banjur padha mlayu ngener ing ara-ara samun.

maca bab lengkap Yusak 8